Kategori

yuk.. mondok di PONPES MAMBA'UL HUDA

Acara Khitobahan/ Kemasyarakatan PonPes Mamba'ul Huda Kaliabu

We are

leader

Khitobah / pelajaran pidato dan kemasyarakatan adalah suatu acara wajib di suatau pesantren, begitu pula di Pondok Pesantren Mamba'ul Huda kaliabu. Di pesantren ini santri diajarkan tentang ilmu - ilmu yang berhubungan dengan public speaking atau berbicara didepan umum / didepan orang banyak, seperti menjadi pembawa acara, menjadi perwakilan panitia, menjadi khotib dan lain sebagainya. pelajaran tersebut sangat penting untuk bekal kehidupan santri bermasyarakat kelak karena bagaimanapun, seseorang yang menyandang gelar santri pasti akan lebih diperhatikan ditengah masyarakat.

Nah......bagi kawan - kawan sesama santri atau alumni maupun masyarakat awam yang ingin mempelajarai tentang khitobah / public speaking, kami punya sedikit gambaran mengenai public speaking

Pembawa Acara / MC

الْحَمْدُللهِ رَبِّ الْعَلَمِيْنَ,وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى اُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ,اَلصَّلَاة ُ وَالسَّلَامُ عَلَى اَشْرَفِ اْلاَنْبِيَاءِ وَاْلمُرْسَلِيْنَ,سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ,اَمَّابَعْدُ

حَضْرَةَالْمُحْتَرَمِيْنْ

·         Poro Alim Ulama' poro Kyai soho Ibu nyai ingkang tansah kito ta'dzimi soho ingkang kito ajeng - ajeng barokahipun

·         Wabilkhusus almukarrom romo ky.Muhamad Aminudin waahli baitihi, ingkang tansah kito ta'dzimi, ingkang tansah kawulo mulyaaken, soho ingkang tansah kito ajeng - ajeng barokah tetes nur ilmunipun

·         dumateng poro dewan asatidz Asatidzah Pondok Pesantren Mamba'ul Huda, soho dewan pengurusipun ingkang kito ta'dzimi ugi ingkang kawulo mulyaaken

·         mboten kasupen, dumateng rencang - rencang santri Pondok Pesantren Mamba'ul Huda ingkang tansah kawulo tresnani soho kawulo banggaaken

 

Ingkang awal ingkang utami, monggo kito sedoyo sesarengan nginggahaken puji syukur dumateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten - pinten kanikmatan, karohmatan, hidayah dumateng kito sedoyo, katitik wonten ing wekdal meniko kito sedoyo waget makempal wonten ing majlis meniko kanti pinaringan wilujeng mboten manggihi alangan satunggaling punopo, pramilo sumonggo sesarengan raos syukur meniko kito lahiraken kanti waosan tahmid bil qoul.......

الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

Solawat soho salamipun Allah mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito soho panutan kito Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang mugio kito sedoyo kagolongno umat ingkang pikantuk syafa’atipun langkung – langkung syafa’atul udzma mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin YRA

Hadirin wal hadirat rohimakumullah.

kaula ing mpriki  ingkang kajibah dados muqasimul auqat wonten ing adicoro meniko bade anderekaken runtutipun adicoro ingkang bade lumampah  wonten ing wekdal puniko.

Wondenten adicoro ingkang

·           Sepisan / sepindah pembikaan

·           Adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko Qira’atul qur’an

·           Waosan kalimah toyyibah soho tahlil dumawah adicoro ingkang ongko tigo

·           Adicoro ingkang ongko sekawan inggih sambutan – sambutan

·           Adicoro ingkang ongko gangsal inggih puniko maudhotul khasanah soho doa penutup.

 

Mekaten menggah runtutipun adicoro ingkang bade lumampah.

Ngengeti wekdal ingkang sampun sakwentawis siang, sumonggo adicoro ingkang sepisan kito bikak kanti waosan umul kitab kito derekaken

 لِّرِضَاءِاللهِ تَعَالى وَلِشَفَاعَةِ رَسُوْلِ اللهِ وَلِكُلِّ نِيَةٍ صَالِحَة.اَلْفَاتِحَة

Mugi-mugi kanti waosan umul kitab meniko dadosaken sababiyah lancaripun adicoro ingkang bade kalampah sak mangkeh Aamiin YRA.

Lumampah adicoro ingkang ongko kalih inggih puniko qiroatul qur’an ingkang bade dipun waos deneng panjenenganipun...........................................

Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kaaturaken.

.........................................................................

صَدَقَ اللهُ الْعَظِيْم بَارَكَ اللهُ لِى وَلَكُمْ مِنَ الْقُرْأَنِ الْعَظِيْمِ

mekaten qiroatul quran ingkang nembe dipun waos

Mugi- mugi mberkahi dumateng ingkang maos lumeber dateng kito sedoyo Aamiin Yaa Rabbal Aalamiin.

Hadirin wal hadirat rohimakumullah.

Adicoro selajengipun inggih puniko waosan kalimah toyyibah soho tahlil,

ingkang imamah kasuwunaken dumateng panjenenganipun ……………………….

 

dumateng panjenenganipun kito aturaken agunging panuwun.

Mugi – mugi arwah ingkang dipun kintun tansah pikantuk maghfiroh soho dipun tampi sedoyo amal kesaenanipun.

 

lumampah adicoro ingkang ongko sekawan inggih puniko sambutan - sambutan,

wondenten sambutan ingkang sepisan, sambutan atas nami ...................................

ingkang badhe dipun asto dening panjenenganipun.................................................

Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kaaturaken.

 

mekaten sambutan atas nami……………………….

dumateng panjenenganipun kito aturaken agunging panuwun.

 

sambutan ingkang ongko kalih, sambutan saking………………………

ingkang badhe dipun asto dening penjenenganipun……………………………….

Dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kaaturaken

 

mekaten sambutan saking…………………..

dumateng panjenenganipun kito aturaken agunging panuwun

 

lumampah adicoro ingkang ongko gangsal / terakhir inggih puniko maudhotul khasanah soho doa penutup,

ingkang barokah kasuwunaken saking panjenenganipun…………………………

saking……………………

 

ananging sak derengipun adicoro terakhir kalampah, kawulo aminangkani dados pembagi wekdal temtu kathah kalepatan soho kekiranganipun, pramilo saking meniko kawulo pribadi nyuwun agunging pangapunten.

Kawulo akhiri

هَدَانَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ اَجْمَعِيْنَ,إِهْدِنَا الصِّرَاطَ الْمُسْتَقِيْمَ,ثُمَّ السَّلَام ُعَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُه

dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kawulo aturaken


                                                                    Sambutan panitia

السّلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَااَنْ هَدَانَا اللهُ,اَلصَّلاَةُ والسَّلاَمُ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدِ ابْنِ عَبْدِ اللهِ.وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ وَالَاهُ.اَمَّا بَعْدَهُ

حَضْرَةَالْمُحْتَرَمِيْنْ

·         Poro Alim Ulama' poro Kyai soho Ibu nyai ingkang tansah kito ta'dzimi soho ingkang kito ajeng - ajeng barokahipun

·         Wabilkhusus almukarrom romo ky.Muhamad Aminudin waahli baitihi, ingkang tansah kito ta'dzimi, ingkang tansah kawulo mulyaaken, soho ingkang tansah kito ajeng - ajeng barokah tetes nur ilmunipun

·         dumateng poro dewan asatidz Asatidzah Pondok Pesantren Mamba'ul Huda, soho dewan pengurusipun ingkang kito ta'dzimi ugi ingkang kawulo mulyaaken

·         mboten kasupen, dumateng rencang - rencang santri Pondok Pesantren Mamba'ul Huda ingkang tansah kawulo tresnani soho kawulo banggaaken

 

Ingkang awal ingkang utami, monggo kito sedoyo sesarengan nginggahaken puji syukur dumateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten - pinten kanikmatan, karohmatan, hidayah dumateng kito sedoyo, katitik wonten ing wekdal meniko kito sedoyo waget makempal wonten ing majlis meniko kanti pinaringan wilujeng mboten manggihi alangan satunggaling punopo, pramilo sumonggo sesarengan raos syukur meniko kito lahiraken kanti waosan tahmid bil qoul.......

الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ

Solawat soho salamipun Allah mugi tansah kalimpahaken dumateng junjungan kito soho panutan kito Nabi Agung Muhammad Saw. Ingkang mugio kito sedoyo kagolongno umat ingkang pikantuk syafa’atipun langkung – langkung syafa’atul udzma mbenjang wonten ing yaumul qiyamah. Aamiin YRA

Hadirin wal hadirat rohimakumullah.

Kawulo ing mriki minongko talang aturipun panitia ngaturaken SUGENG RAWUH AHLAN WASAHLAN BIKHUDHURIKUM, soho ngaturaken aginging panuwun atas rawuhipun panjenengan, mugi – mugi rawuhipun panjenengan sedoyo kacatetno dados amal kesaenan wonten ngarso Allah SWT.

Kaping kalihipun, saking segenap panitia ngaturaken agunging panuwun, dumateng sedoyo pihak hususipun, ingkang sampun mbantu adicoro meniko, sehinggo adicoro meniko saged kelaksanan kanti lancar, mugi amal sae panjenengan sedoyo dipun bales ingkang langkung sae, saking panitia ngaturaken JAZAKUMULLOHU AHSANAL JAZA' JAZA'AN KASIRO.

 

saklajengipun saking panitia ngaturaken agunging pangapunten dumateng poro rawuh sedoyo, anggenipun nampi rawuh penjenengan kirang mahanani awit saking segi papan lan pelaksanaan ugi tesih kathah kekirangan, mboten sanes saking panitia ngaturaken agunging pangapunten.

 

sesampunipun sakmangke adicoro sampun paripurno, saking panitia namung saged ngaturaken SUGENG KONDUR, mugi saged pinanggih malih wonten sanesipun wekdal ingkang sae

 

poro rawuh ingkang tansah kawulo hormati

mekaten ingkang saged kawulo aturaken, katah kelepatanipun nyuwung agunging pangapunten

 

kawulo ahiri..

وَبِاللهِ التَّوْفِيْقُ وَالْهِدَايَةُ

والسّلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 



Posting Komentar

0 Komentar