Kategori

yuk.. mondok di PONPES MAMBA'UL HUDA

Contoh Pidato Sambutan Penerima Pengantin bahasa Jawa


sumber gambar: https://statik.tempo.co

Contoh Teks Sambutan Penerima Pengantin

السلام عليكم ورحمة الله وبركا ته

بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ, الْحَمْدُلِلَّهِ الَّذِي أَحَلَّ النِّكَاحَ وَحَرَّمَ الصِّفَاحَ, وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مَنْ دَعَا إِلَى سَبِيْلِ النَّجَاحِ,وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ اَهْلِ الصِّدْقِ وَالصَّلاَحِ. أَمَّا بَعْدُ.

سعادة الكراماء ومشيخنا الأعزاء

Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang tansah kitho ta’ dzimi soho ingkang tansah kito ajeng-ajeng barokahipun.

Wabil khusus dumateng panjenenganipun Bp....... saking......, ingkang kito ajeng-ajeng barokah Mau’idhoh Hasanah ipun soho barokah Do’ a ipun, ingkang kito ta’ dzimi soho kito mulya’aken.

Ingkang kito mulyaaken dumateng poro sesepuh dalah pini sepuh soho poro Tokoh masyarakat.

Ingkang kito hurmati, Shohibul Hajjah inggih puniko Bp....... dalah keluarga.

Dumateng ingkang berbahagia injih Pinanganten sarimbit inggih puniko kangmas bagus..... dalah roro ayu.....

Ingkang kito hurmati, poro Tamu undangan, langkung-langkung pengombyong pinanganten kakung/putri.

Dumateng poro rawuh poro pilengah samudayanipun ingkang dahat kinurmatan.

Ingkang awal ingkang utami, monggo kito sedoyo sareng-sareng ngaturaken puji syukur dumateng Allah Subhanahu wata’ ala, ingkang sampun paring pinten-pinten kanikmatan, karohmatan, hidayah dumateng kito sedoyo, sehinggo wonten ing wekdal puniko kito waged makempal soho ijabatudda’ wah wontenipun acara Walimatul Ursy kanti pinaringan wilujeng mboten manggihi alangan satunggaling punopo. Pramilo saking meniko monggo raos syukur kito lahiraken kanti waosan Tahmid bil lisan.....alhamdulillah

Sholawat soho salamipun Allah mugi tansah katur kunju’aken dumateng junjungan kito lan panutan kito Nabi Agung Muhammad SAW. ingkang mugio kito sedoyo tansah kagolongaken umat ingkang pikantuk barokah syafa’atipun langkung-langkung mbenjang wonten ing yaumal qiyamah,, Amin ya robbal ‘alamin.

Dumateng poro rawuh poro pilenggah ingkang tansah kito mulya’aken.

Kepareng kaulo matur wonten ngarso panjenengan sedoyo, bilih kaulo wonten ing mriki ingkang aminangkani talang atur saking sohibul bait Bp..... aminongko tiang sepahipun pinanganten kakung/putri, ingkang sepisan ngaturaken sugeng rawuh sugeng pinanggihan kanti kaulo aturaken marhaban ahlan wa sahlan bi hudzurikum.

Lan ugi saking sohibul bait ngaturaken agungeng panuwun dumateng poro rawuh poro pilenggah ingkang sampun kerso nyembadani menopo ingkang dados kersanipun saking sohibul bait. Mugi-mugi rawuh panjenengan sedoyo dadoso amal ibadah ingkang dipun tampi Allah STW. Amin ya robbal Alamin

Ingkang ongko kalih, kolo wau Bp.... Ingkang dados wakil masrahaken pinanganten kakung/putri sampun ngaturaken salam saking tiang sepahipun pinanganten kakung/putri. Pramilo wonten ing mriki kaulo jawab و عليك وعليه السلام ورحمة الله وبركاته lan kolo wau wakil tiang sepahipun pinanganten kakung/putri sampun masrahaken pinanganten kakung/putri dateng keluargo mriki. Pramilo kanti waosan بسم الله الحمد لله ولا حولاولا قوة الا بالله ugi kanti raos bonggo ugi bingahipun manah temanten kakung/putri, langsung kaulo tampi kalian asto kalih. Lan ugi, Bp........ sak keluargo minongko tiyang sepahipun pinanganten putra/putri nyuwun tambahipun do’a ugi pangestu, mugi-mugi kaulo sa’keluargo saged membina lan mendidik putro temanten kekalih kanti sak sae-sae nipun. Sehinggo muwuhaken rumah tanggah ingkan sakinah, mawaddah wa rohmah. Amiin...

Poro rawuh poro pilenggah ingkang tansah kito mulyaaken.

Ingkang sak lajengipun sohibul bait nyuwun agungeng pangapunten menawi saking rawuhipun panjenengan sedoyo mboten waged nyaosaken papan pilenggahan ingkang sekeco minggahing pahurmatan, ugi pasugatan ingkang dereng nyocoki ugi maremaken wonten ing manahipun panjenegan sedoyo. Sepindah malih kaulo atas nami talang atur saking sohibul hajjah nyuwunaken agungeng pangapunten.

Ingkang terakhir, kolo wau ugi dipun aturaken sak ba’danipun acoro puniko sampun paripurno sangking rombongan pengombyong pinanganten kakung/putri badhe teras nyuwun pamit, saking sohibul hajjah namung waged matur ndereaken sugeng kondur, kalih nderek dedungo mugi-mugi kondur panjenengan sedoyo awit saking griyo mriki dumugi dalemipun piyambak-piyambak tansah pikantuk rohmat lan kawilujengan saking ngarsonipun Allah SWT. Amiin ya robbal ‘alamin.

Dumateng poro pilenggah ingkang kaulo mulyaaken, mekaten pematur kaulo atas nami talang atur saking keluargi pinanganten kakung/putri. Katah kalepatan soho kekirangan nyuwun agungeng pangapunten. Kaulo akhiri

و السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

 Klik DISINI untuk Download


Penulis: M.Syafi'i, Sadam N.

https://www.mambaulhuda.id/2026/10/teks-sambutan-penerima-pengantin-bahasa.html


Posting Komentar

0 Komentar